Obrolan Seni Rupa Kriya di Tapal Kuda
Warung Kopi “Sruput Liar” Obrolan Seni Rupa Kriya di Tapal Kuda
Pagi mendung, kopi ngebul, dan obrolan ngawur tapi visioner.
Tokoh:
- Pak Man: Pemilik warung, seniman pensiunan, suka nyeletuk.
- Cak Dul: Tukang las, tapi jiwa seninya liar.
- Dek Sastro: Pematung, filosof dadakan.
- Man Puger: Provokator ide, suka nglontar istilah aneh-aneh.
- Okai Reng Ngodeh: Anak muda penuh semangat, tukang gambar mural.
- Kak Jelu: Pendiam tapi sekali ngomong langsung nyelekit.
Cak Dul (nyruput kopi raung): “Pak Man, nek seni rupa nang Tapal Kuda iki dibangkitno maneh, jenenge opo sing cocok? Aku usul: Seni Rupa Gak Sedeng! Cocok karo awakmu kabeh sing pikirane wis ora umum!”
Pak Man (ketawa): “Lho, lha iyo. Wong seniman kuwi nek waras terus yo ora bakal nemu bentuk anyar. Harus ‘gak sedeng’ ben iso nyipta sing ora umum!”
Man Puger (muncul sambil bawa termos): “Tak tambahi: ZONA LIAR KOLEKTIF! Disingkat ZLK, dibaca ZLEK. Koyok suara sendal jepit kecantol paku!”
Okai Reng Ngodeh (nyaut): “Masokk akal, Om! ZLEK kuwi kayak suara ide meledak nang otak. Kriuk! Krek! ZLEK!”
Dek Sastro (sambil ngukir kayu): “ZLEK kuwi cocok. Tapi ojo lali, prinsipé kudu kesetaraan, kolaborasi, lan laboratorium terbuka. Ora ono seniman dewa, kabeh iso nyumbang gagasan.”
Kak Jelu (ngudud pelan): “Saia sukak. Tapi ojo lali, kudu ono ruang kanggo patung. Tapal Kuda iki gudange batu, kayu, tanah liat. Tapi patung-patung malah ilang, kalah karo baliho caleg.”
Cak Dul: “Wah, nek patung kalah karo baliho, berarti kudu digawe Patung Roda Gila! Sing muter terus, nggilani, tapi ngelingke!”
Man Puger: “Wes tak catet: ZONA RODA GILA, MANTRA LIAR, TURAH ART, LIART, NEKART FEST, SINGASAK! Pokoke kudu mokong, ugal-ugalan, tapi tetep mikir!”
Pak Man: “Sing penting, kudu ono kopi luwak. Ben idemu turah, gagasanmu mokong, tapi tetep melek!”
Okai Reng Ngodeh: “Ngomong-ngomong, sopo sing duwe kopi luwak? Aku siap nginep, asal iso ngicipi. Siji cangkir, sewu ide!”
Dek Sastro: “Wis wayahe Tapal Kuda nduwe festival seni rupa dewe. Ora mung nonton Jogja, Bali, Jakarta. Kene yo iso! Patung nang sawah, mural nang kandang, instalasi nang pasar!”
Kak Jelu (senyum tipis): “Sing penting, ora mung gegap gempita. Tapi kudu ana jejak. Jejak visual, jejak sosial, jejak batin.”
Man Puger: “Wes, ayo digawe wae. Semboyane: Mumpung Gak Sedeng, Ayo Bablas!”
Semua: “Hahahaha! Sruputttt…!”

Komentar
Posting Komentar